Astaghfirulloh Rabbal Barooya....Astaghfirullah Minal Khotoya
Rabbi zidni 'ilman Nafi'a... WawaffiQni 'amalan sholiha
Ya Rasulalloh Salamun 'alaik...Ya Roofi'a Syaani waddaroji...
'Athfata yajirotal 'Alami..Ya Uhailal juudi Wal Karomi....
Ngawiti ingsun nglarasa syi'iran...Kelawan muji maring pangeran.
Kang paring rahmat lan kenikmatan..Rino wengi tanpo pitungan
Duh bolo konco priyo wanito...Ojo mung ngaji syareat bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco..Tembe mburine bakal sangsoro
Akeh kang apal Quran haditse..Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe dak digatekke...Yen isih kotor ati akale
Gampang kabujuk nafsu angkoro...Ing pepaese gebyare ndunyo
Iri lan meri sugihe tonggo...Mulo atine peteng lan nishto
Ayo sedulur ojo nglaleake..Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandalake iman tauhide...Baguse sangu mulyo matine
Kang Aran shoeh bagus atine... Kerono mapan seri ngilmune
Laku thoriQoh lan ma'rifate...Ugo Hakekat manjing rasane
Alquran Qodim wahyu minulyo...Tanpo dinulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskito..Den tancepake ing njero dhodo
Kumantil ati lan pikiran...Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu'jizat Rasul dadi pedoman...Minongko dalan manjinge iman
Kelawan Allah kang Moho Suci...Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadhohi....Dzikir lan suluk ojo nganti lali
Uripe ayem rumongso aman...Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas pasan....Kabeh tinakdir saking pangeran
Kang podo rukun, ojo ngasio...Iku sunnahe Rasul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kito...Ayo ngelakoni sakabehane
Allah kang bakal ngangkat derajate...senajan ashor toto dhohire
Ananging mulyo maQom derajate....Utuh mayite ugo ulese
Ora kesasar roh lan sukmane...Den gadang Allah suwargo manggone
Lamun Prasto ing pungkasane...Utuh mayite ugo ulese.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar